Lel 15:1-6; Mzm 122; Yoanes 15:1-8


==========================================================
UJUB KERASULAN DOA
MÈI - 2002
Ujub Umum: Mugi-mugi umat Kristiani kanthi mantep angayahi pengandelipun, ngantos saged dados paseksèn ing menggahing pengajeng-ajeng karana Injil Suci.
Ujub Misi: Mugi karana pitulungan Ibu Maria ing dahat suci, jejering wanita wonten ing masarakat lan kulawarga saya kaurmati lan saya mindhak-mindhak wonten ing negari-negari lan budaya punapa kemawon.
==========================================================


REBO, 1 MÈI 2002 S. Yusup
Lel 15:1-6; Mzm 122; Yoanes 15:1-8
(St. Yusuf: Purwaning 1:26-2:3/Kol 3:14-17.23-24; Msm 90; Mat 13:54-58)

RASA MANUNGGAL
NGUNGGULI PISAH-PISAHAN

"Bab iki dadi padudon dedreg lan padu ramé ing antarané Paulus lan Barnabas karo wong-wong mau" - Lel Para Rasul 15:2

ING GRÉJA ABAD KAPISAN (purba) ana padudon kang ketara banget gegayutan karo wong-wong kristiani sing asalé dudu-wong-Yahudi. Sawetara wong duwé panemu menawa wong dudu-Yahudi kang dadi kristiani iku cengkah banget, marga wong mau duwé panemu menawa sing bisa dadi kristiani iku mung wong Yahudi. Ana uga golongan kang percaya menawa wong dudu-Yahudi bisa ngrasuk agama kristiani, waton gelem manut anggering nabi Musa, klebu disunat (Lel 15:1). Liyané tetep percaya yèn sunat iku ora baku. Lha banjur sing baku apa? Padudon mau gawat banget, nganti kedadéyan sawetara wong kristiani padha diserang lan dijeblosaké ana ing pakunjaran, jalaran nampa wong-dudu-Yahudi dadi kristiani (Lel 22:21 lst.)
Yèn ana padudon, kena diramal yèn saben golongan ngapik-apik golongané dhéwé lan ngala-ala pihak liya, malah sok kedadéyan pihak liya mau dicap sétan. Nanging Paulus lan Barnabas martakaké marang saben uwong menawa mertobaté wong-wong-dudu-Yahudi mau wujud mertobaté para kapir (Lel 15:3). Mesthi baé perkara iki ndadèkaké bungahé para sedulur kabèh. Biasané anggoné padha nanggapi masalah bisa nggumunaké, ananging uga bisa malah marakaké mangkel utawa nesu. Saya manèh, Paulus lan Barnabas bisa waé nambahi muringé, saupama anggoné mara menyang pusaté agama Yahudi iku njaluk supaya ana aturan bab wong dudu Yahudi. Saupamané mangkono, apa kaya mangkono mau adil ?
Ananging gréja purwa iku suci. Pengandel lan katresnan iku luwih wigati tinimbang ubeg golèk dalan utawa cara kanggo ngudari padudon. Gréja duwé kapercayan menawa Pangéran bakal tumindak manut panguwasa Dalem. Manunggalé gréja alambaran Roh bakal ngalahaké sakèh pasulayan lan perpecahan kang gawé bubrah persatuan lan gawé lara ati wong akèh.

Sembahyang:
Dhuh Pangéran, paringa semangating gréja kawitan datheng kawula, ingkang wujud pengandel, katresnan, raos gambira, raos manunggal, lan kasucian supados kawula saged ngendhih sakathahing pasulayan kaliyan sok sintena. Amin.

Versi Cetak Versi Cetak   Email Ke Teman Email ke Teman  

Indeks Renungan Jawa September-2010

Home  |  Renungan  |  Cerita |  Kesaksian  |  Diskusi |  Kontak Kami
                   
© 2000-2010 Pondok Renungan
All Rights Reserved